Assalamu'alaikum, ! selamat datang di Berita Karanggedang. | Sign In
"Tangan yang bekerja lebih baik daripada lidah yang terus berbicara"

Rabu, 08 Mei 2013

Tinggal Kenangan, Group KENTHONGAN LAWET MERAH



Ora sengaja wektu nyong mbukak komputer golet foto-foto sing ndisik, aku nemu foto-foto kiye. Dadi kelingan wektu semana kameraku di silih nang mas guru (Mas Bekti) jere arep nggo moto group kentongan SD sing arep tampil nang benteng. Mbuh aku ora kelingan dalam rangka apa wektu semono ana rame-rame nang benteng van der wijk gombong. Nek ora salah acarane di rawuhi Pejabat Negara Menteri Sosial jenenge aku kelalen mien ora apal, hehe..

Nang gambar keton bocah-bocah SDN 1  Karanggedang nampilaken kesenian Kenthongan Group Lawet Merah. Jan maen temen SD duwe group kentongan kaya kuwe, kreatif temen gurune. Mien jamanku SD urung ana kaya kuwe. Boro-boro kentongan, Pramuka be ora ana.

Tak sawang-sawang aku mandan paham karo bocah-bocahe sing foto, dadi mandan pengin ngguyu mien bocahe esih SD isih cilik-cilik, siki wis pada SMP keton mandan beda. Tapi aku krungu-krungu kabar jere group kenthongane wis mandeg. Mbuh apa gurune wis ora ana apa bocahe sing pada ora karep di latih. Tapi ya sing jelas sayang banget group Kenthongan Lawet Merah wis bubar. Sing donge bisa nggo nguri-nguri kesenian tradisional. Wektu semana group lawet merah sering diundang kon iring-iring khataman. Sayang siki wis bubar, sing esih ya kur kenangane foto-foto kiye sedulur, monggoh dipirsani.











Share this article now on :

Posting Komentar

:)) ;)) ;;) :D ;) :p :(( :) :( :X =(( :-o :-/ :-* :| 8-} :)] ~x( :-t b-( :-L x( :-p =))